kawruh babing gayuh ngelmu

Perjanjine hurip TRIPURUSA

ELING,        kalamun sira titah ana sing nitahake lan ya ana lantarane. Sing nitahake GUSTI    kang Murbaing Gesang, sing dadi lantarane sira ana, bapa biyung.
PERCAYA, marang sakabehe dumadi kang dumunung ana ing wewarah. Sing paring wewarah ya mung lantaran, sing paring wewarah Utusane Gusti, mula klebu ora bener kalamunta ora dipercaya.
                     Dene kang asipat  wewarah kaya dene kalamun titah kang kasebut manungsa kagaduhan sipat loro, nanging Gusti asipat siji, Utusane Gusti ngagem sipate Gusti ya mung siji, iku ya kudu percaya.
                     Manungsa kudu hambudi daya ngedohi sipat kang ora prayoga, nyaketi sipat sijine ya sipate Gusti. Senajan kang siji iku ora kena dikipatake hawit wujud gaduhan, mula sabisa bisa didohi hawit kuwi pangerten wewarah. Iku sawijine tuladha klebu pangertene babing lahir uga wektune mulih. Yenta manungsa lumrah pancen wektune mulih kasebut pati iku pada ora ngerti, nanging sira kang ngudi yenta wus tekan titiwancine pangudi, hawit bisa nukoni sira bisa ngerti lan sira bisa mulih.
                     Rikala durung ana sing ngudi bab titiwancine mulih ya titiwancine pati sing pirsa pati iku mung Gusti kang Murbeng Gesang. Nanging manungsa kang ngudi hawit bisa ngagem sipat siji, weruh merga ana sing warah wuruk ya iku Utusane Gusti sing ya ngagem sipat siji.
                     Sira arep ngerti ya sinaua, lakua minongko pitukon, mula yen sira ngerti sinaua, dasare BUDHI LUHUR.
MITUHU,    marang pakoning wewarah Utusane Pangeran, cak panindake ana ing sajrone manungsa hurip ana ing alam madya kiyi, kuwi kuncine ana kono.

HINGSUN HANGLUHURAKE
1.      Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Murba Ing Dumadi
2.      Utusane Gusti Ingkang Murbaing Dumadi
3.      Sing dadi lantaran sira pada, ingsun ana ing alam madya
4.      Panuntuningsun ya guruningsun sing dadi lantaraningsun, ingsun ngerti lan bisa
5.      Roh suci ya Ingsun pribadi, ateges jalma kang manembah Gusti.

PANCA WALIKA
1.      Kudu tresna marang sepadane hurip
2.      Ora nerak kang wewalering negoro
3.      Ora nerak kang dudu sakmesthine
4.      Ora sepata hanyepatani
5.      Ora cidro ing uboyo ( janji )
Rerangkene : - ora butuh rewang
                        - ora butuh mungsuh
                        - butuhe mung kabecikan

Weca, sabda, jarwa lan pangandikane Wong Tuwomu Ingsun mung atas keparenge Gusti Kang Kuwasa ngepasi pakartine Wong Tuwo sing dadi Utusane Gusti ngemong marang jalma winilis.
Kahanan kang maneka warna dadi pertanda bakal dumadine kahanan gumelare jagad gede, kabeh dadi pertanda jantrane alam.
Ngadepi lelakon kang gumelar ana ing jagad gede kiyi supaya jeneng sira pada ora kedayan lan kesrambahan daya lan sipat kang bisa ngrubedani, mula pada cakna lan tindakna apa sing dadi dawuhe Wong Tuwo.
Senajan huripmu kabeh iku sakmesthine kawit sengka jeneng sira dilahirake ana ing alam madya tumekane besuk titiwancine sira bali mulih ing alam wasana, kabeh iku wus tinata atas keparenge Gusti Kang Murbaing Gesang.

Ewa dene antarane jeneng sira dilahirake tumekane besuk sira wus kepareng bali mulih ing alam wasana kang lumrah kasebut pati, iku isen isene jrone sira nindakake hurip, kahanan iku ora kabeh atas keparenge Gusti Pangeran ananging seperangan awit unduh unduhane ya pikolehe apa kang pada sira tindakake.

Sing jeneng atas keparenge Gusti iku yenta kenoa sinebut kodrat, prekara lahirmu kuwi kodrat, la besuk tumekane patimu ikukodrat.

Mula antarane dilahirake tumekane wektune kang kasebut mati, iku isen isene dudu kodrat, isen isene dudu nasib, ananging isen isene ya awit sengka unduh unduhan utawa pikoleh sengka pakartimu dewe dewe.

Yenta tembung unduh unduhankena sun gambarake, sira iku kaya denen makarti tani. Kalamun sira nandur bibit pari thukule ya wit pari lan ing tembe kang sira unduh ya wohe pari. Iku pangerten jrone sira pada ana ing alam donya ya madya kiyi.

Gegandhengan karo jeneng sira pada ngadepi kahanan kang bakal prapta, gumelare jagad gede kang wus atas keparenge Gusti Kang Murbeng Gesang kang uga kena kasebut awit sengka jantrane alam, lelakon kang bakal prapta kang bakal sira lakoni awit dina dina isine pakarti kang becik.

Mula handedera wiji kang becik awit apa kang mbok deder, apa kang bok tandur tegese apa kang bok pakertekake kuwi kegawa sengka jantrane alam.


Rahayu.......



Candi Prambanan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar